SOAL SUMATIF BAHASA JAWA BAB 1
Nama :
Kelas : I (Satu)
Sekolah :
A. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B UTAWA C SANGAREPE PRATELAN
SING BENER!
Wacanen kanthi teliti!
sari kusuma ningrum
jenengku sari
saiki aku wes kelas siji
sekolahku ana sd tanjunganom
aku seneng dolanan boneka
yen bengi aku seneng sihahu
1. jenengku yaiku ....
a. tanjunganom b. boneka c. sari kusuma ningrum
2. aku sekolah ana ing sd ....
a. ningrum b. siji c. tanjunganom
3. sari wes kelas ....
a. siji b. loro c. telu
4. sari seneng dolanan ....
a. bal b. boneka c. buku-buku
5. sari sinahu yen wayah ....
a. awan b. esuk c. bengi
6.
perangane awak ing dhuwur iku digunakake kanggo ....
a. nyawang b. mangan c. nyekel
7. perangane awak sing digunakake kanggo nyokot panganan yaiku ....
a. lambe b. untu c. rambut
8.iku gunane kanggo ngrungokake swara.
a. dengkul b. irung c. kuping
9. pak budi lagi mikul beras ing dhuwur ....
a. wetenge b. sikile c. pundhake
10. rani ambekane ngos-ngosan bar mlayu. Perangane awak sing kanggo ambekan yaiku ....
a. ilat b. irung c. alis
11. piranti ana ing dhuwur iku gunane kanggo ....
a. nugel pring b. nulis ing buku c. motong kertas
12. piranti sing digunakake ibu kanggo nggoreng iwak yaiku ....
a. peso b. piring c. wajan
13. santi nutupi sirahe ben ora kepanasen nganggo ....
a. sepatu b. topi c. sabuk
14. sepatu lan sandal iku gunane kanggo ana ing ....
a. sikil b. tangan c. sirah
15. bayu nduwe tas anyar kanggo sekolah. Tase iku digunakane kanggo ....
a. wadah banyu putih b. wadah sega mbi lawuh c. wadah buku-buku
16. sirah iku krama inggile yaiku ....
a. talingan b. mustaka c. waja
17. kuping iku krama inggile yaiku ....
a. paningal b. mustaka c. talingan
18. bapak nembe gerah wajane. Wajane basa ngokone yaiku ....
a. untu b. sirah c. wetenge
19. wek wek wek iku swara ....
a. wedus b. sapi c. bebek
20. kucing iku swarane ....
a. cuit cuit b. meong meong c. petok petok
B. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!
1. perangane awak sing kanggo mlaku-mlaku yaiku ....
2. andi nyekeli bal sing anyar. Perangane awake andi sing kanggo nyekeli bal yaiku ....
3. krama inggile banyu yaiku ....
4. piring iku biasane digunakake kanggo wadah ....
5. piranti sing digunakake ngadahi banyu kanggo ngumbe yaiku ....
KUNCI JAWABAN SOAL SUMATIF BAHASA JAWA BAB 1
KELAS 1 SD
A. JAWABAN
1. c. sari kusuma ningrum
2. c. tanjunganom
3. a. siji
4. b. boneka
5. c. bengi
6. a. nyawang
7. b. untu
8. c. kuping
9. c. pundhake
10. b. irung
11. b. nulis ing buku
12. c. wajan
13. b. topi
14. a. sikil
15. c. wadah buku-buku
16. b. mustaka
17. c. talingan
18. a. untu
19. c. bebek
20. b. meong meong
B. JAWABAN
1. sikil
2. tangan
3. toyo
4. panganan
5. gelas / botol